Header Ads Widget

Asisten Sosial Sitirejo Hadir :

Ticker

6/recent/ticker-posts

Teks Khutbah Gerhana Bahasa Jawa

اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَڪَاتُهُ

اَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ ×٩ اَلَّذِى لَااِلٰهَ اِلَّا هُوَ الْحَيُّ الْقَيُّوْمُ وَاَتُوْبُ اِلَيْـهِ

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِى خَلَقَ السَّمٰوَاتِ وَالْأَرْضَ وَجَعَلَ الظُّلُمَاتِ وَالنُّوْرَ ثُمَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا بِرَبِّهِمْ يَعْدِلُوْنَ. أَحْمَدُهٗ – جَلَّ شَأْنُهٗ – خَلَقَ الَّليْلَ وَالنَّهَارَ وَالشَّمْسَ وَالْقَمَرَ وَكُلٌّ فِى فَلَكٍ يَسْبَحُوْنَ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهٗ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهٗ وَرَسُوْلُهٗ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِ سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ وَسَلَّمْتَ وَبَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى اٰلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فِى الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. أَمَّا بَعْد. فَيَا عِبَادَ اللهِ  أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.  يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَا قَدَّمَتْ لِغَدٍ وَاتَّقُوا اللهَ إِنَّ اللهَ خَبِيْرٌ بِمَا تَعْمَلُوْنَ.  وَلَا تَكُوْنُوْاكَالَّذِيْنَ نَسُوا اللهَ فَأَنْسَاهُمْ أَنْفُسَهُمْ أُولٰئِكَ هُمُ الْفَاسِقُوْنَ.  لَا يَسْتَوِيْ أَصْحَابُ النَّارِ وَأَصْحَابُ الْجَنَّةِ أَصْحَابُ الْجَنَّةِ هُمُ الْفَائِزُوْنَ

Hadirin  jama’ah kaum muslimin rahimakumullah !

Sesarengan kaliyan tambahipun yuswo lan kirangipun jatah umur , sumonggo kita sedoyo tansah nambahi raos ajrih kita dateng ngarsa Dalem Allah swt. kanti estu-estu anggenipun kita ngelampahi punopo ingkang sampun dipun perintahaken soho anebihi punopo ingkang sampun dipun awisi dening Allah swt. Sumonggo kita sesarengan sami ningali dateng awakipun piyambak-piyambak, sampun dumugi pundi anggen kita ngumawula dateng ngarsanipun Gusti Allah Ta’ala, menawi sampun sae sumonggo kita pertahanaken, menawi kirang sae sumonggo kita dandosi. Mugi-mugi kanti mekaten kita sedoyo pikantuk rahmat lan ridha saking ngarsanipun Allah swt., Amin Allahumma Amin.

Hadirin  jama’ah kaum muslimin rahimakumullah !

Menawi kita ningali kedadosan wonten jagat punika, srengenge ingkang saben enjing mlethek saking wetan lan dados pepadhang sarto manfaati dateng kita, nuli wekdal sonten surup, gentosan kalih rembulan ingkang ugi dados pepadhang sarto manfaati dateng kita, lintang ingkang saget dados tetenger kagem kebetahan kita sami, kita saget mangertos bilih sedoyo kala wau wonten Dzat ingkang andadosaken lan Dzat ingkang ngatur, kita ugi saget mangertos bilih Dzat ingkang andadosaken lan ingkang ngatur kala wau tentunipun kuwahos dateng sedoyo makhluk, inggih punika Allah swt. Wonten Alquran Surat Yunus ayat 5 – 6 Allah dhawuh :

هُوَ الَّذِيْ جَعَلَ الشَّمْسَ ضِيَآءً وَّالْقَمَرَ نُوْرًا وَّقَدَّرَهٗ مَنَازِلَ لِتَعْلَمُوْا عَدَدَ السِّنِيْنَ وَالْحِسَابَ مَا خَلَقَ اللهُ ذٰلِكَ إِلَّا بِالْحَقِّ يُفَصِّلُ الْاٰيَاتِ لِقَوْمٍ يَّعْلَمُوْنَ . إِنَّ فِى اخْتِلاَفِ اللَّيْلِ وَالنَّهَارِوَمَاخَلَقَ اللهُ فِى السَّمٰوَاتِ وَالْأَرضِ لَاٰيَاتٍ لِّقَوْمٍ يَّتَّقُوْنَ

“ Allah Ta’ala ingkang andadosaken srengenge ingkang saget madhangi lan rembulan ingkang dados cahaya lan anetepaken panggenan-panggenanipun, supados panjenengan sedoyo mangertosi wilangan tahun lan itungan (wektu). Allah boten andadosaken ingkang kados mekaten kejawi kanti haq. Allah paring rincian tanda-tanda keagunganipun kagem tiyang-tiyang ingkang sami mangertos. Sak temenipun wonten gonta-gantinipun wengi lan rino lan perkawis ingkang dipun dadosaken Allah wonten langit lan bumi punika yekti dados tanda Maha Kuasanipun Allah kagem tiyang-tiyang ingkang sami takwa” (QS.Yunus : 5 – 6)

Hadirin  jama’ah kaum muslimin rahimakumullah !

Kedadosan grahana wekdal sak punika supados saget dipun pendhet i’tibar utawi tepa tulada kagem kita sedoyo kagem aningkataken kesadaran kita ngemut-emut keagunganipun Allah swt. Rasulullah saw. sampun paring tuntunan dumateng kita naliko wonten grahana, kasebat wonten hadits  :

خُسِفَتِ الشَّمْسُ فَقَامَ النَّبِيُّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَقَالَ : ” إِذَا رَأَيْتُمْ شَيْئًا مِنْ ذٰلِكَ فَافْزَعُوا اِلَى ذِكْرِ اللهِ وَدُعَائِهِ وَاسْتِغْفَارِهِ “

“Setunggal wekdal naliko wonten grahana srengenge Nabi saw. jumeneng (kagem ngelampahi shalat) lan dhawuh : Menawi panjenengan sedoyo mirsani grahana, mangka panjenengan sedoyo enggal-enggalo  dzikir dateng Allah, ndonga dateng Allah lan nyuwun pangapunten dateng Allah “

Kanthi dasar hadits kasebat, wonten 3 (tigang) perkawis ingkang dipun ajaraken dening Rasulullah dumateng kita sedoyo wekdal wonten grahana.

Ingkang kaping sepisan, فَافْزَعُوا اِلَى ذِكْرِ اللهِ, kita sedoyo supados enggal-enggal dzikir, emut dateng Gusti Allah. Dzikir dumateng Allah swt. punika manfaatipun wangsul dumateng awak kita piyambak-piyambak. Allah swt. dhawuh wonten Alquran surat Ar’d ayat 28 :

الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَتَطْمَئِنُّ قُلُوْبُهُمْ بِذِكْرِ اللّٰهِ أَلَا بِذِكْرِ اللّٰهِ تَطْمَئِنُّ الْقُلُوْبُ

“ Tiyang-tiyang ingkang sami iman dumateng Allah lan manahipun sami anteng jalaran dzikir dumateng Allah. Emut-emut bilih dzikir dumateng Allah punika (nyebabaken) antengipun manah “ (QS. Ar’d : 28)

Menawi kita kepengen manah kita resik saking sedoyo penyakit ingkang saget ngotori, kados unek-unek awon, nggresah, hasud lan lintu-lintunipun, obat ingkang paling manjur inggih puniko dzikir dumateng Allah. Dzikir dumateng Allah saget dipun lampahi kanti lisan ingkang terus-terusan nyebat asmanipun Allah, kanti manah ingkang dipun ginaaken kagem ngangen-ngangen keagunganipun Allah lan kanti anggota badan ingkang dipun ginaaken kagem taat lan ngabekti dumateng Allah.

Ingkang kaping kalih وَدُعَائِهِ , ndonga utawi nyuwun dumateng Allah. Nyuwun dumateng Allah Ta’ala punika hakikatipun ibadah. 

اَلدُّعَاءُ هُوَ الْعِبَادَةُ

Nyuwun dumateng Allah ugi dados otakipun ibadah, jalaran ngetingalaken kumawulaning menungsa, menungsa punika makhluk ingkang asor lan fakir, Allah Ta’ala Dzat ingkang Agung, Sugih, panggenan dipun suwuni. Kathah sanget anjuran saking Alquran supados kita ndonga, nyuwun dumateng Allah swt, ing antawisipun dhawuhipun Allah wonten surat al-Baqarah ayat 55 :

اُدْعُوا رَبَّكُمْ تَضَرُّعًا وَخُفْيَةً إِنَّهٗ لَا يُحِبُّ الْمُعْتَدِيْنَ (البقرة : ٥٥)

“ Nyuwuno sira kabeh dumateng Pengeran sira kabeh kanti ndepe-ndepe lan lirih-lirih. Sak temene Pengeran sira kabeh mboten remen dumateng tiyang-tiyang ingkang sami ngliwati wates “(QS. Al-Baqarah : 55)

Supados donga kita dumateng Allah dipun ijabahi sampun sak mestinipun menawi ndonga dipun lampahi kanti netepi adab utawi tata krama dumateng Allah, kados dipun lampahi kanti ndepe-ndepe utawi ngasoraken awak lan kanti suara lirih kados dhawuh wonten ayat kasebat.

Ingkang kaping tiga, وَاسْتِغْفَارِهِ , nyuwun pangapunten dumateng Allah saking sedoyo dosa lan kalepatan ingkang sampun dipun lampahi. Sampun sak mesthinipun menawi  istighfar punika mboten namung dipun ucapaken mawi lisan kemawon, nanging ugi kedah dipun lebetaken wonten manah kanti nggetuni dosa ingkang sampun dipun lampahi lan dipun buktikaken kanti kerso nglereni tumindak dosa lan mboten badhe nglampahi malih. Menawi sampun saget mekaten Insya Allah istighfar kita dipun tampi dening Allah swt.

Hadirin  jama’ah kaum muslimin rahimakumullah !

Wonten masyarakat kita kadang kawis wonten anggepan bilih kedadosan grahana punika wonten hubunganipun kalayan kedadosan-kedadosan sanes ingkang sifatipun mistik, kados anggepan bilih grahana punika dados tanda badhe wonten gonjang-ganjing, paceklik lan sanes-sanesipun. Anggepan ingkang kados mekaten punika boten leres, jalaran sak mestinipun kedadosan grahono punika nedahaken dumateng keagungan lan kuasanipun Gusti Allah. Rasulullah saw. wekdal putranipun Sayid Ibrahim wafat, lan kala semanten nembe wonten grahana, Panjenenganipun dhawuh :

إِنَّ الشَّمْسَ وَاْلقَمَرَ اٰيَتَانِ مِنْ اٰيَاتِ اللهِ لَا يَنْخَسِفِانِ لِمَوْتِ اَحَدٍ وَلَا لِحَياَتِهٖ فَإِذَا رَأَيْتُمْ ذٰلِكَ فَادْعُوااللهَ وَكَبِّرُوْا وَصَلُّوْا وَتَصَدَّقُوْا (رواه البخارى )

“ Sak leresipun srengenge lan rembulan punika dados tanda saking tanda-tanda kuasanipun Allah. Srengenge lan rembulan mboten kekadosan grahana jalaran seda utawi gesangipun tiyang. Naliko panjenengan sedoyo mirsani grahono, kersoo panjenengan sedoyo donga dateng Allah, maos takbir, jumenengne shalat lan shadaqah” (HR. Bukhari).

Hadirin  jama’ah kaum muslimin rahimakumullah !

Kanthi dasar 2 hadits wonten ing nginggil, bilih menawi wonten grahono sae meniko grahono srengenge utawi grahono rembulan kita dipun sunahaken nindak-aken :

  1. Shalat khusuf / kusuf (shalat grahono).
  2. Ngathah-ngathahaken maos dzikir, kalebet maos takbir.
  3. Ngathah-ngathahaken maos istighfar.
  4. Ngathah-ngathahaken ndonga dateng Allah swt.
  5. Ngathah-ngathahaken shadaqah.

Hadirin  jama’ah kaum muslimin rahimakumullah !

Kanti kedadosan grahana wekdal punika mugi-mugi saget dados pepeling kagem kita sedoyo supados inggal-inggal taubat, wangsul dumateng Allah swt. Mugi-mugi kanti mekaten kita sedoyo saget pikantuk ridha lan rahmat saking ngersanipun Allah lan dipun tebihaken saking sedoyo bala’ lan pancabaya, Amin Allahumma Amin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاٰيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهٗ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْم

KHUTBAH KEDUA GERHANA

اَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمِ ×٧ اَلَّذِى لَااِلٰهَ اِلَّا هُوَ الْحَيُّ الْقَيُّوْمُ وَاَتُوْبُ اِلَيْـهِ

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهٗ لاَشَرِيْكَ لَهٗ، إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاهُ نَسْتَعِيْنُ.وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهٗ وَرَسُوْلُهٗ، اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهٖ أَجْمَعِيْنَ.

عِبَادَ اللهِ، اِتَّقُوا اللهَ مَا اسْتَطَعْتُمْ وَسَارِعُوْا إِلَى مَغْفِرَةِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهٗ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَآأَيُّهاَ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَامُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهٖ وَأَصْحَابِهٖ وَقَرَابَتِهٖ وَأَزْوَاجِهٖ وَذُرِّيَّاتِهٖ أَجْمَعِيْنَ .اَلْحَمْدُلِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلاَةِ الْمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلَامَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ وَالْمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِ كَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَآءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُلِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.

عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَآئِ ذِى الْقُرْبٰى وَيَنْهٰى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَادْعُوْهُ يَسْتَجِبْ لَكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.

اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَڪَاتُهُ

Penulis : Asisten Sosial Sitirejo

Posting Komentar

1 Komentar

Jika artikel ini bermanfaat silahkan share di media sosial kalian, dan berkomentarlah dengan komentar yang sopan, terimakasih